Katresnan Sejati Ora Teka Bola Bali

atrêsnan iku pancèn naté ånå.  Råså iku pancèn naté dak rasakaké. Aku ora bisa sélak… Aku ora bisa ngapusi atiku… Dhúh Gusti nyuwún pangapuntên déné raós punika taksíh njanggêt wóntên manah kulå íngkang ringkíh.
“Dhík Santi, kapan têkamu…? Aku kók ora dikabari yèn sliramu arêp têkå…?” pitakóné nalikå wêrúh aku nèng dalêmé Budhé, yå Ibuné mas Pramónó.
“Lagi waé kók mas ….kirå-kirå sakjam kêpungkúr”.
“Åpå karo garwamu? Ndi aku péngín kênalan. Pas sliramu dadi mantèn kaé aku ora biså jagóng, amargå tugas nyang luwar Jawa”. Mas Pram gagéyan mlêbu omah nggolèki bojoku …. nangíng nganti mubêng-mubêng ora kêtêmu.
“Lha êndi…?” takóné bali marang aku.
“Såpå tå mas síng panjênêngan golèki? Lha wóng aku têkå ijên kók …!” kandhaku.
“Kók ngono? Åpå garwamu sibúk, nganti ora bisa ngêtêraké sliramu réné…?!”
“Yå ora sibúk…. Nangíng ora ånå…!”
“Ora ånå … piyé?”
“Ora ånå wêktu kanggo aku…,” wang­sulanku rådå cuwå.
“Ah kók ånå-ånå waé… Gèk kåyå ngåpå tå gawéyan iku… Nganti tégå nguci­wa­kaké adhiku síng ayu dhéwé ngéné iki…!” kandhané bantêr.
“Åpå aku ayu tênan tå mas…?” aku mbédå mas Pram.
“Lha iyå tå…. mósók yèn ora, aku nganti kayungyún… Nangíng trêsnaku ora naté éntúk ati…“
“Mak plêng rasaníng atiku, lårååå…. bangêt….. Oh …. mas Pram. Upåmå pan­jê­nêngan ngêrti sêjatiníng atiku…, sê­jatiníng rasaku… Alón lúhku tumètès…, nangíng énggal tak usap nganggo tangan…
“Mas ora usah nggodhå aku kåyå ngono. Njênêngan kuwi yå ånå-ånå waé. Aku mundhak têrsanjúng lho mêng…!” aku isíh mbudidåyå ngguyóni.
Tênan yå mas aku nyuwún kanthi bangêt
Pancèn kabèh mau bênêr. Nangíng kêrsaníng wóng tuwå síng ora bisa dak sélaki. Budhé ora kêrså yèn mas Pram jê­jodhowan karo aku mêrgå isíh misanan. Kamångkå sêjatiné mas Pram kuwi putrå angkaté Budhé.
Lha Budhé tansah nutupi marang såpå waé, ugå mas Pram, yèn mas Pram iku putrå pupón.
Dadi Budhé mati-matian mênggak iki kabèh, sênajan aku ngêrti yèn pênggalihé sêjatiné ajúr amargå kudu maprasi  thu­kulé katrêsnan antarané aku lan mas Pram.
“Åjå yå… ndhúk…, tênan åjå yå… Émana marang Budhé…. mêsaknå Budhé yå… Åjå nganti mbók tåmpå trêsnané masmu…. Iku ora apík, amargå piyé-piyéå mas Pram iku kangmasmu dhéwé…“ Budhé tansah ngêndikå mang­kono. Sêríng bangêt, nganti suwé-suwé aku risíh dhéwé.
Sêjatiné Ibuku wís pirså sakabèhé kuwi, nangíng yå amargå mêsakaké lan ngajèni pênggalihé Budhé, mulå aku yå didhawuhi ngêdóh såkå mas Pram. ”Wístå åjå mbók turuti atimu. Énggal golèkå pacar liyå bèn pênggalihé Budhému ayêm…“ mangkono ngêndikané Ibu makapíng-kapíng.
Suwé-suwé aku yå pasrah, sênajan sêjatiné atiku abót, abóót… bangêt. Aku ora biså ngapusi atiku, aku ora bisa sélak yèn råså trêsna iku pancèn ånå. Bapak banjúr ngutús aku pindhah sêkolah mê­nyang kuthå liyå kang adóh såkå mas Pram karêbèn critané tamat lan sêminé ka­trêsnan ora tansåyå ngrêmbuyung.
Róng taún såkå kuwi, aku duwé kê­nalan kang sajaké ngajak sériús.
Yå wís… sênajan ati iki isíh lårå, nangíng aku kêpéngín nudúhaké marang såpå waé – utamané Budhé, yèn aku bocah kang “tahu diri”… bocah kang bisa ngêrtèni pênggalihé wóng tuwå. Mula sênajan lagi têlúng sasi nggónku kênalan, têrús diajak rabi, aku manút waé.
Pancèn tênan, ati iki ora biså gampang ditåtå. Råså iki ora gampang diapusi. Barêng wís nêm sasi aku omah-omah, ati­ku kåyå suwúng …, sêpi… pêríh. Såpå tå sêjatiné síng manggón nèng njêro atiku? Mas Pram apa bojoku?
Ah… bingúng aku… Ladènanku kang adhêm gawé cuwaníng bojoku. Aku ora maido yèn dhèwèké dadi sêríng plêsír karo kanca-kancané. Arang mulíh, arang gunêman, yå… dadi arang sak kabèhé. Aku pasrah, aku ora duwé dåyå. Aku pancèn salah.
“Mas, aku arêp tilík wóng tuwaku yå…!” Aku pamít bojoku, aku kêpéngín golèk dalan kanggo mêtu såkå råså bingúngku iki.
“Yåwís… Níng aku sibuk ora bisa ngê­têr­aké …“ bojoku pancèn sabar síng sak tênané.
Bèn kuwi dadi rahasiaku dhéwé.
Sidané aku budhal dhéwé …, lan aku sowan Budhé. Aku kêtêmu manèh karo Mas Pram.
“Mas Pram, piyé yèn mêngko bêngi aku panjênêngan têraké mlaku-mlaku …? Wís kangên kutha iki…Wís suwé ora mulíh …. Níng yèn ora ånå síng cêmburu lho…!”
“Åjå anèh-anèh dhík … Síng cêmburu durúng laír, dadi tênang waé…“
“Kók iså durúng laír tå mas… ?”
“Lha iyå tå… wóng trêsna sêjati ngono ora têkå bola-bali…“
Atiku mak tratab.  Aku mênêng éthók-éthók ora krungu waé, angèl anggónku arêp mangsuli.
Sidané bêngi iku aku lan mas Pram mlaku-mlaku, kêmpút ngubêngi kuthå, nêkani panggónan síng biyèn naté dadi panggónan dolan. Dhúh Gústi…, kawulå nyuwún pangapuntên. Punikå sanès mblénjani janji…, punikå sanès lampah sèdhèng, kawulå namúng badhé padós margi, margi íngkang padhang kanggé kawulå lan mas Pram.
“Mas…, sêjatiné aku arêp crita yèn sêjatiné atiku iki yå lårå… lårååå bangêt lho mas…, nalikå lungguhan, aku mbukak rêmbugan.
“Lårå piyé dhík…? Åpå garwamu ngla­rani atimu…?” mas Pram takón sajak kagèt.
“Dudu … dudu kuwi mas, aku yå ngra­sakaké kåyå síng panjênêngan rasakaké. Nangíng kabèh kudu dak sélaki…, kudu dak buwang adóh sênajan angèl… Amargå aku kêpéngín ngajèni pênggalihé Budhé… !”
“Åpå iyå dhík…? Åpå iyå ngono…? Dadi saksuwéné iki kabèh dadi mistêri…, dadi sandiwårå …?”
“Tênan mas… Kabèh iki åjå nganti ånå síng mangêrtèni. Aku lan panjênêngan wís diwåså, kudu bisa milah-milih êndi síng pantês lan síng ora pantês. Cukúp awaké dhéwé waé síng ngêrti. Gústi Allah ora saré kók, mugå-mugå  tansah paríng pêpadhang marang awaké dhéwé. Aku lêgå mêrgå panjênêngan wís ngêrti isiníng atiku síng sak tênané…. dadi åjå nganggêp múng panjênêngan dhéwé síng lårå, nangíng ayo lårå iki kita dadè­kaké pamêcút kanggo ngadêg luwíh jêjêg, mlaku luwíh bantêr lan nglairaké katrês­nan anyar, sê­najan múng di­lambari wêlas asíh marang liyan…“ tangísku ora kênå dak êmpêt.
Mas Pram mlo­ngo, kêmbêng-kêm­bêng ora bisa wang­sulan.
“Tênan ya mas… Aku nyuwún kanthi bangêt, ayo nya­wang ngarêp… Ang­gêpên aku adhikmu tênan sê­najan gêtíh kita ora pådhå. Golèk­nå aku mbakyu kang biså dak dadèkaké pêla­buhanku, aku arêp nitipaké panjê­nêng­an…. kangmasku, supåyå ditrêsnani kåyå aku adhiné kang nrêsnani panjênêngan”.
Sêpi… ora ana manèh kang biså dak ómóngaké, atiku wis plóng!
Yå iki síng dak péngini. Nutúp crita lawas lan mbukak lakón anyar.
Sésuké aku bali…, bali marang bojoku priyå kang kudu dak trêsnani, sênajan múng lêlambaran wêlas asíh. Amargå katrêsnan sêjati pancèn ora têkå bola-bali.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s